nurmantika.com
Sunday, August 02, 2009
  [Humor Suroboyoan]
Ndlahom

Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan, waduh sempel wong iki pikire.

Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.

"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-bengok.

"Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro" jare Romlah.

"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Muntiyadi emosi.

"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak " jare Romlah.

"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.

"Gak gelem!! " jare Romlah.

"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.

"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.

"Oo... saking ae aku gak isok renang"
 
  [Humor Suroboyoan] Pelabuhan
Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.

Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung metu seko pelabuhan.

Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro kiwo tengen.

Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.

Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek kampes.

Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.

"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare Togog.

"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.

"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki." jare Togog maneh.

Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso, akhire Togog diculno.

Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.

Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.

Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.

Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.

Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir.

Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan.

Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk ambek Togog maneh.

Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.

Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.

Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.

Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.

Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.

"Sepeda . . ."
 
welcome to my page, I hope you'll interested with my article, my opinion or everything that i have been written here. Don't forget to give your opinion below. Last, thanx for your come in.

My Photo
Name:
Location: Ponorogo, East Java, Indonesia

Seperti PISCES pada umumnya.... imaginative & sensitive, compassionate & kind, selfless & unwordly, intuitive & sympathetic

Archives
October 2005 / November 2005 / December 2005 / August 2009 /


Powered by Blogger

Subscribe to
Posts [Atom]